Tiyang Cirebon

Logo Kota Cirebon
Orang/Etnis Cirebon
Gunggung cacah jiwa
(Sekitar 1,9 yuta (sensus 2000)[1])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Jawa Barat
Basa
Basa Cirebon (kalebu dhialèk Jawareh, Plered, Gegesik, Ciwaringin, Pakaleran, Indramayu, Pamanukan), Basa Sunda dhialèk Cirebon, Basa Indonésia
Agama
Islam

Tiyang utawi Etnis Cirebon utawi Suku Bangsa Cirebon inggih punika golongan ètnis ingkang kasebar ing sakan kiringipun Kota Cirebon lan Kabupatèn Cirebon, Kabupatèn Indramayu, Kabupatèn Majalengka sisih lèr utawi biyasa dipunsebut minangka Wewengkon "Pakaleran", Kabupatèn Kuningan sisih lèr, Kabupatèn Subang sisih lèr wiwit saking Blanakan, Pamanukan, dumugi Pusakanagara lan sapérangan Pasisir utara Kabupatèn Karawang wiwit saking Pasisir Pedes dumugi Pasisir Cilamaya ing Provinsi Jawa Barat lan sakanan kiringipun Kec. Losari ing Kabupatèn Brebes, Provinsi Jawa Tengah. Cacahipun antawis 1,9 yuta.[2] Masarakat Suku Cirebon nganut agama Islam. Basa ingkang dipundituturaken déning tiyang Cirebon inggih punika gabungan saking Basa Jawa, Sunda, Arab lan Cina ingkang dipunwasatani minangka Basa Cirebon.

  1. Indonésia's Population: Ethnicity and Religion in a Changing Political Landscape. Institute of Southeast Asian Studies. 2003.
  2. [1]

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search